saking pulo Jawa iku akeh ngelairke jenis kesenian-kesenian utamane kesenian tradhisional antarane: tari Jawa, wayang, gamelan Jawa lan liyane. Seliyane iku uga tumbuh jinis-jinis kesenian sing modern/anyar utamane sing dikembangake Institut Seni Indonesia Yogyakarta lan Institut Seni Indonesia Surakarta. Kesenian tradhisional Jawa, utamane Jawa Tengah lan Yogyakarta umume tumbuh saka lingkungan kraton, yen saka Jawa Wetan jinis-jinis keseniane umum tumbuh saka kabudayaan rakyat.
Kesenian sing urip neng Jawa Wetan iku tumbuh saka saling pengaruh antara budaya Jawa kuna lan budaya Madura. Jinis kesenian sing misuwur saka Jawa
Wetan yaiku
reog lan
ludruk.
[sunting] Jawa Tengah lan Yogyakarta
Saka Jawa Tengah lan Yogyakarta sing paling berkembang yaiku jinis-jinis kesenian
tari Jawa sing dikembangke neng lingkungan kraton, uga saiki berkembang jinis-jinis kesenian sing luwih modern sing dikembangake
ISI Yogyakarta lan
ISI Surakarta. Khusus bidang
seni rupa malah dikembangake secara khusus neng ISI Yogyakarta malah wis dibentuk dadi Fakultas khusus seni rupa.
[sunting] Jawa Banyumasan
Sing radha unik saka jinis-jinis kesenian dhaerah
Banyumasan iki yaiku anane pengaruh gaya
Sundha neng jinis-jinis keseniane. Jinis kesenian sing misuwur saka dhaerah Banyumasan iki yaiku
lengger lan
calung Banyumasan.
[sunting] Kesenian anyar
Posting Komentar